Oleh : Tim Litbang Lembaga Kebudayaan Betawi
Kekawin atau kakawin sebenarnya adalah syair/puisi berbahasa Jawa kuno. Tapi dalam kaitan wayang kulit Betawi, bisa diartikan berbahasa Kawi (Jawa Kuno). Seberapa banyak bahasa itu digunakan, tergantung dari kemampuan masing-masing dalang.
Kekawin figunakan saat:
- Murwa, saat akan memulai lakon.
- Jejer, saat akan mengeluarkan raja-raja dari barisan ke tengah pergelaran.
- Mengeluarkan wayang yang tergolong primadona. Contohnya Bima, Gatotkaca, Dursasana dan lain-lain.
- Gedongan, menceritakan apa yang akan dialami/ dilakukan seorang tokoh.
- Perjalanan seorang tokoh.
- Goro-goro, gonjang-ganjingnya jagat hingga dirasakan di kahyangan.
- Saat akan memulai pertarungan.
- Suasana sedih atau keadaan lain yang berhubungan dengan perasaan.
Di bawah ini ada beberapa contoh kekawin:
- Murwa
Contoh satu:
Kembang sungsang dinang kunang, tinaretes ing sosoca, dosang linu bumi
bengkah,
Tok tok tok (cempala mengetuk kotak)
Saba pitanda mang wira yuda, pejah dening kalimasa; aheng wirangga demak, kentar dening galudra; seta lumangso sengit mangitring, jurang kari pisang, tekeng gunung suwani, ngambah gunung subala, sokang so Jayadrata kipin, rimpek kasor ing rana, gelar Sri Maha Digya, Partasuta, Bimayu, Gatotkaca, gelaring supit.
Tok tok tok, kotak diketuk cempala
Baeu! Sinareng nira Kenya pertangga, watri gumantri, sanghiang latri, kapandut iman iman gambura kalawan ancala
Gambura, seru nayaga)
Gambura iku wiwitan
(Ancala, seru nayaga)
Ancala pucuking gunung Si Walang Tunggal, pinanda-nanda paken tinaretes asta, gangga, wira, tanu, patra.
Asta?
Asta iku tangan, gangga iku banyu, tanu iku mangsi, patra iku kalam. Mangsi iku
didamel aksara wilanjana-wilanjani.
Wilanjanan?
Wilanjana yaitu cacarekan aksara alip.
Wilanjani?
Wilanjani iku cacarekan aksara Ha. Aksara alip binucal ing Bengawat kilen, dados
aksara telung dasa: Alip, ba, ta, tsa.
Aya nutugaken aksara alip, dede tempate ngurusaken aksara alip.
Ngicalaken aksara alip, metuaken aksara ha, binucal ing bengawat wetan, tumiba ing pulo Jawi, didamel aksara kalih dasa, kalih hartina dua, dasa iku sepuluh dibagi papat.
Ha-na-ca-ra-ka-iku wetary-da-ta-sa-wa-la-iku kang nya-iku kidul; Pa-da-ja-va-nya
iku kulon; na-ga-ba-ta-nga-iku kaler; ha-na-ca-ra-ka-iku kang ngongkon; da-ta-sa wa-la-iku kang dikongkon; pa-da-ja-ya-nya-iku calongkon ala ala atine; ma-ga-ba ta-nga-iku ora kena disebut; aksara sampun mati di belah kaler.
Ngicalaken aksara kalih dasa, metuaken malih aksara. Wilanjana-wilanjani;
Wilanjana iku sinarama; Wilanjani iku sir ibu. Sir Kanjeng Rama tumbiba maring sir kanjeng ibu; manjing ning Kenya puri…
Kenya?
Kenya iku artinipun wadah; lan puri iku hartosipun kraton.
Kraton pundi kang dianggo jejer? Kraton Astina kang dianggo jejer. Bubukaning cinarios-eka-adi-dasama purwa.Saha jenengan nu jadi ratu? Jenenganipun Prabu Guru Nata.Gur eta hartina pinter. Ari Nata eta nu jadi ratu.
Calik? Dina sitingail emas, nganggo makuto Binokasih, Murub mubyar tinaretes ing sosoca, menganggo gelang gono, gelang gongsor, kilat bahu, tempal dada, ngungkelang ladrang Kyai Jagapati, pendokna kinukir katuncar mawur, amar amaranana sutra kuning, sutra perak, sutra ireng, sutra abrit, dodotna geresik wayang.
Panjang-punjung pasar, pasir wukirkang loh jinawi panjang iku luhur, pasar iku rame, pasir iku tegal, wukir iku gunung, loh jinawi hartosipun katah, boten kirang sandang-pangan, inten naga manten, heunteu kakirangan naon-naon, Wong madalangan iku dora sembada.
Dora iku bohong, sembada iku pantes.
Apa mulane dade pantes? Ana bukti! Apa buktine? Kang ana wayang purwa iku wiwitan.
Dan seterusnya.
Contoh dua
Jenis murwa yang disebut manggung pendek. Ini dipakai untuk pergelaran siang hari.
Wendra-wendra winulan, sasra tinuwara gantim alon panjang wuwus sinenggih kanda purwantara. Purwa iku wiwitan, kara iku kraton. Kraton pundi kang dianggo jejer? Kratin..(Dwarawati/misal) dan seterusnya.
Contoh tiga
Yang ini pendek namun lebih mantap, bahasa Kawinya lebih mendekati benar, walau tak sepenuhnya benar.
Kembang sungsang, gotaka rawis wayang, Rap kidap, purwa mandra-mandra winulan, sosorating kadya sang Diwangkara, kadya sangiang latri kapajuti gambira imah-imah, mega ancala sapucuking gunung. Apa silokane kang dados ratu? Apanjang apunjung panjang iku jumbar, punjung iku luhur. Ratu kaceluk eka-das-nama. Eka hartine sawikji, boten wonten malih
nyasami, adi tegesipun inggih saekang linuwih. Dasa arine sepuluh nama hartine jenengan: sampun misuwur karah namanipun Sri Nalrendra kaceluk sa awun
awun, koncara sajana pria jujuluk…(sebutan) Ratu adil palamarta, lenggahing gilang kancana, nganggo makuta
Binoka-sri, tinaretes ing sosoca; asta-gangga-wiratanu-patra. Asta hartosna panangan, Gangga iku banyu, wira arane wong pinter, tanu artine mangsi, tanu hartine kalam.
Tanu kalayan patra dianggo nyerat, midamel aksara kalih, yaiku Wilanjana – wilanjani.
Wilanjani iku aksara alip. Wilanjana aksara ha.
Aksara alip dipun binucal ing tanah jawa dados aksara kalidasa.
Apa siji-sijine?
Ha-na-ca-ra-ka-wontening wetan
Da-ta-sa-wa-la-wontening kidul
Pa-da-ja-ya-nya-wontening kilen
Ma-ga-ba-ta-nga-wonteningkaler
Linggih sategesipun madhab, papat kalima pancer. Mangkana wau nembe amimadel bubuka, kang binuka wonten sawijining negara..(Nama negaranya)
(Bersambung)